Dalam era modern dan serba tekhnologi ini Bahasa Jawa makin tersisihkan. Hal ini dikarenakan kebanyakan dari pemuda-pemudi jaman sekarang lebih tertarik dengan tekhnologi.
Walaupun begitu masih ada beberapa pemuda-pemudi yang mendalami minatnya di jurusan Bahasa Jawa, mahasiswa IKIP PGRI Semarang salah satunya.
Untuk memenuhi tugas Ujian Akhir Semester ini mereka dituntut untuk membuat 50 contoh geguritan (puisi Jawa). Luar biasa banyak bukan? Bagi kalian yang tak pernah belajar ini pasti akan kebingungan mencari inspirasi judul serta isinya.
Nah, disini kita akan memberikan beberapa contoh geguritan (puisi Jawa), untuk bahan pertimbangan dan bahan inspirasi tentunya.
-------------------------------------------------------------------------------------------
Santri
Ngaji dadi
kegiatan saben dinamu
Esok, awan,
sore, bengi tanpa leren
Adoh saka
keluarga wis dadi resikomu
Kadang
tangis amarga kelingan wong tuamu
Dadi santri
kudu siap mental
Siap
disiplin
Kudu rajin
Tanpa mikir
rekasane awakmu
Siap ngudi
ilmu, siap nerima perintahe pak kyai
Kerja bhakti
menyang sawah wis dadi kebiasaan
Kabeh mau
ananging luru ridhone kyai
Berkah manfaat
ilmu duniane lan akhirate
-------------------------------------------------------------------------------------------
Demak
Kutha
kenangan, kampung halaman
Kutha kang
nduweni sejarah kerajaan
Senajan
nganthi saiki para sejarawan kebingungan
Ngabuktiake
tetinggalan kerajaan
Kasebut
kutha wali
Amarga ana
salah sawijining wali sanga
Kang anyebar
agama ana ing daerah iki
Sunan
Kalijaga alias Raden Said asmane
Kutha kang
dadi pusat penyebaran agama islam
Ing tanah
Jawa iki
Kapimpin
dening Sultan Demak
Raden Fattah
Raden
patiunus
Sultan
Trenggana
Pejuang
penegak agama islam
-------------------------------------------------------------------------------------------
Salam kagem Ayah
Saben rina
saben wengi aku kelingan sliramu
Pandongaku
terus kamucur(mboh b.jawane opo, tercurahkan) kagem sliramu
Wacanan
qur’an, dzikir, tahlil ora lali tak kirim kagem sliramu
Dadi bukti
tresnaku marang sliramu
Semangsa
esih gesang
Sliramu ora
mandhek-mandhek ngandani aku
Ora
kesel-kesel ngajari aku
Bukti
tresnamu marang aku
Marang kang
mas ku
Lan
adik-adik ku
Yaa Allah
titip salam kangenku, tresnaku marang Ayah
Paringi
kajembaran kuburipun
Paringi
padhang kuburipun
Paringi
keselametan ing kuburipun
Paring
punapa mawon ingkang dipun butuhaken
Yaa Rohiim
Yaa Ghoffaar . . . .
-------------------------------------------------------------------------------------------
Semangat kang Mas
Sliramu
saiki wis nambah gedhe
Semestine ya
nambah tanggung jawab
Tanggung
jawab dadi pangupa jiwane keluarga
Aku ngerti
iki angel bagimu kang mas
Wis ora ana
pilihan liyane
Wis ora bisa
nyalahke kersane Gusti
Mung nerima
lan nglakoni apa kang dadi kahendake Gusti
Kang mas,
Olehe nyambut
gawe disregepi yaa
Adik-adikmu
esih butuh bantuanmu
Esih butuh
perlindunganmu
Esih butuh
ragat kanggo pendidikan
Kanggo sangu
masa depan
Kang mas,
Aku namung
bisa paring doa
Kanggo
kewarasanmu
Kanggo
kesuksesanmu
Kanggo
bahagiane Ibu, Adik-adik lan aku
-------------------------------------------------------------------------------------------
Adik-adikku Sayang
Ujine Gusti kudu disabari
Kudu diikhlasi
Kabeh mau mesti ana dalan keluare
Mbuh secara langsung utawa ora
Ditelateni olehe sinau
Ditelateni olehe ngaji
Kanggo sangu masa depanmu
Ati-ati olehe kekancan
Aja nganti kekancan karo wong
sing ora bener
Yen kepaksa kekancan sih ora
apa-apa
Namung aja diikuti perkara alane
Digawe tuladha, apa iku pantes
ditiru apa ora
Aja lali saben rampung sholat
Kirim donga kanggo wong tua
Kanggo sedulur-sedulur
Supayane urip tentrem
Berkah umure ing dunya lan
akhirate
Aamiin
-------------------------------------------------------------------------------------------
Semua itu adalah hasil karya saya guys, yang minim pengalaman, bukan jurusan Bahasa Jawa atau semacamnya.
Semoga bermanfaat guys. :D